Jumat, 30 Oktober 2015

Grasroot : Tentang Politik Lokal, Ibar-ibur Pilwu Desa Tegalgubug



Bismillaahir-Rahmaanir-Rahhiiem

Deuh ya ,. Jaman skien, grasroot kelas akar rumput lan rakyat jelata jeh wis pda wani rang ngrasani para Kiai, pisan maning “NGRASANI KIAI” lantaran ibar-ibuur pilihan kuwu (Pilwu), mbatin stadium 8, apa bli weru tah ari para Kiai iku biasae dadi panutan masyarakat kuh ?, panutan kita sedaya ?, yong lagi apa maning para Kiaie luh lewa nemen-nemen temen ya dukung-mendukung salah sijine calon kuwue luh, pacake sih ana deal-deal politik kunuh, mbuh sih kepriben ?, hehe

Jujur, kelingan lagi bengen rang, jamane pilian kuwu Mansur ika kah (ning Tegalgubug lor), bapak kula gaih -jarene masyarakat sih- termasuk salah sijine Kiai ora cah, namung waktu semono bapak kula luh -secara politik- bisa bermain elegan atau paling tidak beliau mampu menempatkan diri berperan dan berlaku sbgmn tokoh masyarakat atau pengayom warga meski dlm sekup local seantero al-Murtadho, kula inget betul calon kuwue ana papat jaman smono sing terapresiasi kelawan bendera abang (Sersan Yahya), bendera kuning (H. Mansur), ijo (H. Caslam) lan biru (Lebe Solihin).



Keempat calon ini semuanya punya ikatan khusus sareng bapak kula baik secara kekerabatan maupun sekedar rencang karib sing bener2 mukholit., terhadap keempatnya bapak kula semuanya bersikap baik, ora malah cenderung dompleng maring salah sijine, alias kabehane pda mareki dewek2 lan dipareki kabeh maring bapak kula, kesimpulane ; bapak kula tdk mengarahkan warga ke salah sijije calon uga ora ngaruh biru teradap pilian warga kpd keempat calon tsb.

Padahal kula uga masih inget, rokok sing didadekna icon ning msg2 calon, ana gudang garam abang (representatif calon Abang), gudang garam filter (represantatif calon kuning), gudang garam jaya (representative calon ijo) lan bentul biru (representative calon biru) . kabeh iku, bapak kula luh oli kabeh rokok sing msg2 calon tentune dg tujuan laka maning baka bli jaluk dukungan, sebab kula nakseni dewek akehe poog rokok (bal2an) sing tersimpan rapih ning lemari deweke, bahkan kula uga sampe maca (alhamdulillah waktu semono kula wis bisa maca) ning salah sijine surat propaganda saking keempat calon tsb.

Alhasil, alhamdulillah bapak kula dadie selamet sebab ora ela ora elu ning ibar-ibur pilwu, ora mana ora mene, ora nggiring warga kon mana, uga ora kon mene, hingga bahkan setelah hajat besar berlangsung, bapak kula ora dadi sengitane wong, uga ora dadi rasan2e warga, hehe ,. Ora kaya jaman skien, Kiai jeh dadi kanggo wadanan rang, lan akeh wong pada rasan-rasanan, termasuk pada ngrasani Kiai ,. wkwk ,. yong asale Kiaie dewek sing ngawiti jarene si hingga ana terkesan "dereng saget njaga keWiraiane",. ckck,. Karuan wis jaman akhir ya wong ,. Astaghfirullahhh al-'Adziiemm.

Mohon maaf, tulisan ini bukan untuk menyingung siapa pun, ini tak lebih hanya dimaksudkan sebagai refleksi kita semata dari yang telah pernah terjadi baru-baru ini menyangkut ibar-ibur PILWU desa Tegalgubug., semoga ke depan akan lebih baik, tambah dewasa lan tambah elegan dalam meniykapi stiap kali ada suksesi kepemimpinan di desa tercinta, terlebih untuk tiga tahun kedepan, mari kita jelang PILWU Tegalgubug lor, inSya Allah.

<<>>

Kisunan Jenggot
: Toli lagi apa calon kuwu pada gawa-gawa kiyai luh? Bli weru tah yen dongane kiyai sekien wis ora mandi kuh? Asale kiyai jaman kien pada maksa pengen dadi kiyai. Dadi kiyai klontongane bae, jeroane mah wa kadma

Kula : haha ,. ana tah emange kiai pda maksa jaluk dadi kiai kuh ?.

Kisunan Jenggot Yong pada gawe tajug dewek-dewek. Emong meluan makmum ng tajug sg wis ana. Pada gawe sekolahan dewek2 emong ngrewangi mulang ning sekolahane wong.
Pada bli gelem dadi buntute Hiu. Malah pada pengen dadi endase sindik jeh. Yong endas gah sindik, urang bae bli wedi.

Kula : hehe ,. bisaan rang ari gawe tamtsil luh,. nggih Tadz, barang kali leres mekoten lah kirang lebihe.

Aiman Rizqi's Babap : Dari cerita ini, paling tdk ada Satu fakta yg tak terbnthkn. ternyta "umure mamang kuh wis bengketan" ya ?  He2.

Kula : haha ,. Maann Aiman Rizqi's Babap, aja di omongna maning sih rang

Ahmad Be : fenomena jaman ahir kun ta ?

Abu Lulu Apung : Kang عبد الله فباك. kan dapat…. tp beda pndapatan… haha ...
Kula : wkwk ,. nggih, leres mekoten, pendapatan kula sih msh kya sindik, soale dereng due kostum lan topong ABANG kaya njenengan rang ,. Hihi

Enzi Jamil : Setuju kg fabak

Bang Deol : iya bli luh nte masih kelingan kuh ..?,  H. Caslame bae gah mbu msh kelingan mbu beli kunuh ..

Kula : aih ya mbuh luh, semono gah oli takon ning pa Aep kunuh, alias sanade kuat, perawie tsiqqoh jeh, muttasil marfu’ , Bang Deol ,. Hehe

Yanto Toha : Buat cermin diri.....

Kula : sipp ,. pak Yanto Toha., like emotikon

Cepi van Grage : Kula mantau sing adoh bae kang..hehehee
Kula : wihh,. due baby durung ente Cepi van Grage ?., kabare prien ?.

Abdul Muhaemin ambil hikmahe ae kang, emang benar apa sing pan dadi panutan baka wis mengkonon kuh....? kiyai tapi ora bisa ngiyai. Allahu a'lam

Kula : Sipp,. Setuju banget ,. ambil hikmahnya aja ya Kang, mungkin ini yg lebih tepat, Kang Abdul Muhaemin., wis ra usah meluan ibar-ibuur maning,. Hehe

Izzu Elwafir : Kalo saya mungkin lebih husnu dzon saja, mungkin ada pertimbangan2 syar'i ketika mereka yang disebut kyai n bu nyai sampe turun tangan ikut joget2 n jingkrak2 dilapangan...

Kula : lah, ya wikan luuhh, kula dereng tekang kono mirenge Kang Izzu Elwafir,. hehe.

Abi Fau Zan : Baguse di hapus statuse.. bk ora pan namba rerasansi..

Kula : asal mboten nyebut nama mawon Kang Abi Fau Zan, insya Allah msh ditolerir lan ora nabrak hukum pidana, tulisan niku sekalian utk sbg pembelajaran lan pendewasaan aja Kang, bok bilih wonten manfa'ate kangge ummat, Kang !!.

Naim Muqim : Ari bengen sih kang durung bisa gawe poto sing gede go dipasang ning dalan , diunggah ng sosmed. Tetep khusnudzon, kiyai juga manusia.

Kula : hehe ,. nggih Kang., kadose si mekoten ,. like emotikon

Subhan Musrofi : Introspeksi diri,ngaji rasa iku amalan terbaik bgi semua orang. Tiada yg sempurna di dunia ini,kesempurnaan hanya milik Allah semata.

Kula : sipp , Kang Subhan Musrofi, nggih leres pisan mekoten Kang.

Ghozaly Zen : Aja pada ngrasani kiyai, ngko bae baka isun dadi kiyai kah.. bruk rasanana luh ,. Wkwk

Kula : eit dah, haha ,. nggih Kiai Ghozaly Zen ,, like emotikon

Dembara Hijau : Adate gah wong urip....

Kula : iya, rerasanan iku enak bagi wong urip luh, begono tah maksude dimasBro ?.

Dembara Hijau : Sedaaaaapppppp

Kula : hahaha <> grin emotikon

Najmuddin Elmasnie : Judule "politik lan kiyai" Lamon bisa kah ya kang... Aja dipisah_pisah ya. Sukur-sukur kiyai sing nyalon kuwu trus dadi...

Kula : ya ngko, kudue sih sing nyalon KH. Najmuddin Elmasnie ,. sipp !!, tapi mbuh luhh thn 2000 piraan luh ?,. hihi

Najmuddin Elmasnie : Hehehe.......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar